BERANDA

WONG  JAWA
Sastra jawi mujudaken sastra ingkang adiluhung. Tumrap kula pribadi, ngudang sastra jawi saged nentremaken batos. Awit sastra jawi sampun rumesep wonten ing jiwa raga kula. Kathah tiyang ingkang sami remen Sastra jawi kranten endahe sastra menka. Menawi dipun resepi ngantos dumugi manah, Sastra jawi ingkang gagrak lami utawi gagrak enggal sami kemawon. 

Umpami Sedaya tiyang jawi saged ngrahapi menapa ingkang dipun kandhut wonten salebetipun Sastra Jawi, mbok bilih ndonya menika saged lestantun ayem tentrem gemah ripah loh jinawi mboten wonten tiyang alaku candhala. Sedaya sami nglampahi menepa ingkang sampun dipun garisaken wonten lelampahaning ngagesang laras kaliyan agami ingkang dipun anut piyambak-piyambak.

Pramila sumangga sami pitepangan kaliyan sastra jawi.
Nuwun. ****