TAMAN GEGURITAN

Rambutmu teles kebes
: jarot

Ora susah kandha ....
aku wis percaya yen bungah lan susah kuwi nugraha
eman dene gegantilane ati mung dadi pangangen
sawuse mataun-taun dadi kembang pangimpen

rambutmu saiki wis teles kebes....
kena grimise mangsa kang salah mangsa
bebasan dluwang mung kari lungsede...

senadyan tangan iki wis kisut kegerus laku jantrane panguripan
sliramu tansah dadi kembang pocapan ing teleng ati
mung ing telenge ati
ora ana kang ngerti.....yen sejatine urip iki kudu netepi janji'

rambutmu wis teles kebes...
kuninge kulitmu dadi kembang pangangen...
aku  butuh jambe sinigar kanggo macaki bumi wutah getih
kang lagi ketaman gendrane rembulan

apa  bener panggraitaku yen sejatine pancen slirane kang dadi kembang pangimpen iki......?!

                                                                   Telelnging ati, 09 Pebruari 2011